Adri Darmadji Woko

Adri Darmadji Woko (lair ing Yogyakarta, 28 Juni 1951; umur 73 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan saking Indonesia. Namanipun misuwur minangka salah satunggalipun cikal bakal Komunitas Negeri Poci, sesarengan Kurniawan Junaedhie, Piek Ardijanto Soeprijadi, Handrawan Nadesul, Widjati, ingkang dipunadegaken awit taun 1993. Pakaryanipun Adri Darmadji awujud carita cekak, esei sastra, artikel, lan geguritan ingkang dipunmot wonten sawenèh ariwarta nasional. Kajawi nyerat karya sastra, piyambakipun ugi nelatèni minangka juru warta ing Kalawarta Kartika. Taun 2015, Adri nampi Bebungah Kabasan lan Kasusastran saking Badan Pangembangan Basa Indonesia, Kementrian Pendhidhikan lan Kabudayaan, kanthi pakaryanipun, buku kempalan geguritan, asesirah Cicak-Cicak di Dinding. Sawenèh buku ingkang ngemot pakaryanipun kepara mlebet wonten katalog Perpustakaan Nasional Australia.[1][2][3][4]

  1. PWI Press Adri Darmadji Woko Archived 2017-01-13 at the Wayback Machine., kapundhut 11 Januari 2017
  2. Good Reads Adri Darmadji Woko, kapundhut 11 Januari 2017
  3. National Library of Australia Adri Darmadji Woko, kapundhut 11 Januari 2017
  4. Tokoh Sastra Indie Cicak-cicak di Dinding Archived 2017-01-13 at the Wayback Machine.,kapundhut 11 Januari 2017

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy